Senin, 30 November 2009

09 Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 1
Karajan Demak lan Karajan Pajang
+/- tahun 1500 - 1582

Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahun 1400 - 1425.
Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon Samudra Paséi. Ing pungkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam.
Tekané padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep.
Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku sudagar Jawa saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa.
Sudagar sudagar jawa mau padha bali marang Tanah Jawa Wétan, sudagar Indhu lan Pèrsi uga ana sing teka ing kono lan nuli mencaraké agama Islam marang wong wong.
Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahun 1419, nganti saiki pasareané isih.

Bareng kuwasané karaton Majapait saya suwé saya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhé panguwasané, wani nglakoni sakarep karep.
Para bupati mau lumrahè wis padha Islam wiwit tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 - 1525),
Jalaran saka iku kerep baé perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.

Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya ing Majapait iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya Buri).
Putri mau kapernah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampel (sacedhaké Surabaya).
Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhé Malaka.
Nyai Gedhé Malaka iku marasepuhé Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun, yaiku kang sinebut: Sultan Demak kang kapisan.
Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi panunggalané para wali.
Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak).
Ing tahun 1458 ing Demak wis ana mesjid becik.

Padha padha bupati ing pasisir pati Unus iku kang kuwasa dhéwé.
Pati Unus uga kasebut Pangéran Sabrang Lor.
Iku putrané Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun.
Ing tahun 1511 Pati Unus mbedhah Jepara,
Ing tahun 1513 nglurugi Malaka.
Enggoné tata tata arep nglurug mau nganti pitung tahun lawasé.
Lan bisa nglumpukaké prau kèhé nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang.
Nanging panémpuhé bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawé.
Pati Unus ing tahun 1518 uga ngalahaké Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Kuthané ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak sarta Pati Unus ngaku nggentèni ratu Majapait.
Ing tahun 1521 Pati Unus séda isih enèm lan ora tinggal putra.
Kang gumanti rayi let siji yaiku Radèn Trenggana, jalaran rayiné tumuli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani putrané radèn Trenggana, kang aran Pangéran Mukmin.
Sajroning jumenengé Sultan Trenggana (tahun 1521 - 1550) karaton Demak kuwasa banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngerèh kutha kutha ing pasisir lor lan uga mbawahaké jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel) uga banjur kapréntah ing Demak. Déné Blambangan iku bawah Bali.
Pelabuhan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan Jaratan.
Gresik lan Jaratan iku sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono luwih 23.000.
Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan Trenggana arep mbedhah Pasuruwan.
Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepungé diwurungaké, jalaran Sultan Trenggana séda cinidra déning sawijining punakawan santana, kang mentas didukani.
Putrané Sultan Trenggana akèh. Putra putriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé.
Ana sing krama oleh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir utawa Panji Mas.
Putrané Sultan Trenggana loro: Pangéran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangéran Timur, kang ing besuké dadi adipati ing Madura.
Sunan Prawata iku kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn.
Ing semu putrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama.
Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Mukmin sagarwané, nuli putra mantuné Sultan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati.
Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang Pajang lan nuli dijumenengaké Sultan déning Sunan Giri.
Nalika Adiwijaya jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahaké Bali lan Sumbawa (tahun 1575).
Jajahan jajahan ing Pajang kapréntah ing pangéran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya (Madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih kidul kulon, sakuloné bengawan Sala.
Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang mèh ora duwè panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanuddin, dadi tanah kasultanan.

Jumat, 31 Juli 2009

This is My English Presentation

What are the Types of Computer Viruses?

are generally defined as a program inputted into a computer that allows replication of the program installed. As it replicates, the program intentionally infects the computer, typically without even the user knowing about the damage being done. A virus, unlike worms or Trojan horses, needs an aid to transfer them to computers. Viruses usually take a large amount of computer memory, resulting into system crashes. Viruses are categorized to several parts based on its features.

Macro Viruses

A macro virus, often scripted into common application programs such as Word or Excel, is spread by infecting documents. Macro viruses are known to be platform-independent since the virus itself are written in language of the application and not the operating system. When the application is running, this allows the macro virus to spread amongst the operating systems. There are thousands of macro viruses that exists, and each are considered major threats. Examples of these viruses are: Melissa.A and Bablas. pc.

Network Viruses

Network viruses rapidly spreads through a Local Network Area (LAN), and sometimes throughout the internet. Generally, network viruses multiply through shared resources, i.e., shared drives and folders. When the virus infects a computer, it searches through the network to attack its new potential prey. When the virus finishes infecting that computer, it moves on to the next and the cycle repeats itself. The most dangerous network viruses are Nimda and SQLSlammer.

Logic Bombs

The logic bomb virus is a piece of code that are inputted into a software system. When a certain and specific condition is met, such as clicking on an Internet browser or opening a particular file, the logic bomb virus is set off. Many programmers set the malicious virus off during days such as April Fools Day or Friday the 13th. When the virus is activated, then various activities will take place. For example, files are permanently deleted.

Companion Viruses

Companion viruses takes advantage of MS-DOS. This virus creates a new file with typically the .COM extensions, but sometimes the .EXD extension as well. When a user manually types in a program they desire without adding .EXE or any other specific extention, DOS will make the assumption that the user want the file with the extension that comes first in alphabetical order, and thus running the virus. The companion virus is rare among Windows XP computers as this particular operating system does not use the MS-DOS.

Boot Sector Viruses

Boot sector viruses generally hide in the boot sector, either in the bootable disk or the hard drive. Unlike most viruses, this virus does not harm the files in the hard disk, but harm the hard disk itself. Boot sector viruses are uncommon at this day and age because these viruses are spread rapidly by floppy disks and not on CD-ROMs.

Multipartite Viruses

Multipartite viruses are spreaded through infected media and usually hides in the memory. Gradually, the virus moves to the boot sector of the hard drive and infects executable files on the hard drive and later across the computer system.



Minggu, 26 Juli 2009

Basa Jawa

1. Abang- abang lambene = guneme mung lamis

- Wonten ing dusun Suka sari wonten tiyang asma nipun Mithi, tiyang niki karemenanipun ngapusi terus, mila mboten wonten tiyang ingkang percados kaliyan Minthi. Ing sawontening dinten piyambake crios kaliyan tanggi nipun menawi piyambake badhe kesah, tapi mboten wonten ingkang percados.

2. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat tapi ora oleh dalan

- Pak Budi kepengen kagungan mobil,tapi piyambak ipun mboten saged mudhut amargi bayaranipun saben dinten mawon sampun telas kangge maenm saben dinten ipun

3. Arep jamure emoh watange= gelem kepenak ora gelem rekasane

- Sari kaliyan Widi menika setunggal kelompok, piyambake ndamel tugas nanging Sari mboten purun ngrencangi malah ngrusuhi, lajeng pas badhe presentasi, Sari ngengken Widi supados dipun tulis naminipun wonten ing tugas wau.

4. Anak polah bapa kepradah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake

- Putanipun Pak Santosa niku naminipun Rino, Rino menika lare ingkang remen kebut-kebutan ngangge motor, padahl piyambake dereng kagungan SIM, ing sawontwning dinten wonten operasi polisi Rino ketilang lajeng piyambake matur kaliyan tiyang sepuhe supados mundhutaken motore ing kantor polisi.

5. Bung pring petung = bocah kang longgor ( gelis gedhe)

- Putranipun Pak tino niku naminipun Lani. Lani wau nembe umur 9 taun, nanging kados sampun umur 14 taun

6. Bubuk oleh leng = wong nduwe niyat ala tapi oleh dalan

- Tiyang ingkang ngebom hotel JW Marriot niku dipun utuskaliyan atasaipun supados purun ngobom. Padahal perbuatane piyambake niku saged ngakibatke kathah tiyang ingkang seda.

7. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakal ketara

- Riko menika diupunfitnah kaliyan Tiko maling wonten ing griyanipun Pak Bambang, padahal mboten Riko ingkang maling, lajeng sampun dangu nembe sami ngertos menawi ingkang maling nggih menika Tiko, lajeng dilaporkaken marang polisi.

8. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa

- Fifi niku lare ingkang pinter, mila piyambake menawi diwulang namung sepisan tapi lajeng ulangan Fifi saged angsal 100.

9. Cambu Laler = wong kang teka lunga pamnggone

- Pak Santoso niku asring dipuntugasake kaliayn bos ipun pindhah pindhah mila piyambake mesthi asring kesah.

10. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kekuwatane

- Riko nembe kepingin kagungan motor, mila piyambake matur kaliyan tiyang sepuhipun tapi tiyang sepuhipun mboten kagungan arta kangge mundhut motor.

11. Cebol nggayuh lintang = duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon

- Sinta nembe kepingin angsal rangking 1 wonten ing kelasipun, tapi piyambake mboten purun sinau.

12. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)

- Winginane wonten ing dusun Selo wonten beno, Pak Adi menika duka amargi beno, padahal dalemipun mboten kenging beno, tiayng dusun langsung sami ndamel tenda darurat, siyosipun ingakng maringi sumbangan kangin pisan Pak Adi.

13. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu melu

- Ing dusun Seno kathah lare ingkang mboten manut marang tiyang sepuhipun kaliayn sami ngangge narkoba, lha putranipun Pak Santo niku asmanipun Rinto piyambake manut kaliyan tiyang sepuh lajeng piyambake kekancan kaliyan tangginipun, lajeng piyambake nderek ngangge narkoba.

14. Desa mawa cara, negara mawa tata = saben panggonan duwe cara dewe dewe

- Wonten ing Jakarta menawi kerja namung 5 dinten, tapi menawi ing Pati nggih 6 dinten.

15. Endhas gundhul dikepeti = wis kepenak ditambahi luwih kepenak.

- Pak Sugi gadhah usaha warung lajeng akhir akhir niki usahanipun Pak Sugi maju, ngantos piyambake saged mbangun dalem ingkang sae, usaha nipun nggih maju terus.

16. Esuk dele sore tempe = mencla mencle

- Rika nembe mawor dipundhutaken HP enggal kaliyan bapake, tapi pas dipundangu kaliyan kanca-kancae piyambake crios menawi ingkang mundutke Pakdhene, lajeng pas dipundangu kaliyan gurune piyambake crios menawi HP wau dipunpundhutaken kaliyan budhenipun.

17. Katon cempaka sewakul = disenegi wong akeh

- Susi menika lare ingkang loma, pinter, ayu, mboten sombong mila kathah rencangipun ingkang remen kaliyan piyambake.

18. Tumbu oleh tutup = wong kekancan sing wis cocok banget

- Lina kaliyan Santi niku sampun kekancan milai clik, tapi ngantos sakmenika tesih kekancan.

19. Yiyidan mungging rampadan = maune durjana dadi wong alim

- Mas Norman menika tiyang ingkang remen judhi lajeng piyambake angsal hidayah saking Maha Kuwaos lajeng piyambake dados sregep sholat, . sakmenika piyambake dados tiyang ingkang sae kelakuanipun.

20. Yuwana mati lena = wong becik nemoni cilaka amarga kurang ati-ati

- Yusna menika tiyang ignkan sae tumindakipun, nanging wonten ing sawontening dinten piyambake niytih motor tapi piyambake kesupen mboten ngagem e helm kaliyan mboten mirsani radosan lajeng piyambake dhawah.